Minggu, Juni 14, 2026
spot_imgspot_imgspot_imgspot_img
spot_imgspot_imgspot_imgspot_img
spot_imgspot_imgspot_imgspot_img
spot_imgspot_imgspot_imgspot_img
BerandaJatengOra Kemrungsung, Farid Ma'ruf Nikmati Pensiun Sambil Blusukan Ndesa

Ora Kemrungsung, Farid Ma’ruf Nikmati Pensiun Sambil Blusukan Ndesa

DetailNews.id, Cilacap – Jenenge Farid Ma’ruf. Mantan Sekretaris Daerah Kabupaten Cilacap iki wis purna tugas saka birokrasi, nanging pengaruh lan wibawane durung purna. Saiki, dheweke isih dipercaya mimpin Palang Merah Indonesia (PMI) Kabupaten Cilacap minangka ketua lan jenenge mulai disebut-sebut masyarakat minangka salah siji tokoh potensial kanggo mendampingi Ammy ing kursi Wakil Bupati Cilacap pasca kasus OTT sing mengguncang pemerintahan daerah.

Pit-pitan Blusukan Saben Minggu

Sanajan wis pensiun, aktivitas Pak Farid tetep padhet. Salah siji kebiasaan sing ora tau ditinggal yaiku pit-pitan utawa bersepeda saben minggu. Minggu (14/6/2026), dheweke katon blusukan nganti desa-desa kanggo nyambangi masyarakat.

Nurut dheweke, kegiatan kuwi ora mung kanggo njaga kesehatan lan nggolet kringet, nanging uga dadi sarana kanggo nyerap aspirasi langsung saka warga.

“Kejaba olah raga, ya kanggo nggolet informasi langsung sekang masyarakat. Apa sing dadi permasalahane wong ndeso,” ujare.

Pensiunan Sing Tetep Merakyat

Minangka mantan pejabat dhuwur, Pak Farid dikenal ora seneng njaga jarak karo masyarakat. Sedawane perjalanan pit-pitan karo garwane, dheweke kerep mampir nang warung-warung cilik lan pelaku UMKM.

Sambil nyedot teh anget utawa ngopi sederhana, dheweke ngobrol santai karo warga lan pedagang kanggo ngrungokake langsung keluh-kesah masyarakat.

Sikap sederhana lan ora gila hormat iki nggawe dheweke tetep cedhak karo masyarakat sanajan wis ora menjabat ing pemerintahan.

Tetep Produktif Nalika Pensiun

Ora mung aktif ing kegiatan sosial lan kemanusiaan liwat PMI, Pak Farid uga seneng berkebun. Ing pekarangane, akeh ditandur woh-wohan, melon, sayur-mayur, lan maneka warna tanduran hias.

Kegiatan kasebut dadi cara kanggo ngisi masa pensiun kanthi produktif lan bermanfaat.

Filosofi Urip: Setel Kendo Ora Kemrungsung

Nalika ditakoni babagan kemungkinan maju dadi Wakil Bupati Cilacap, Pak Farid nanggapi kanthi santai. Miturut dheweke, urip ora perlu dijalani kanthi kemrungsung utawa keburu-buru.

“Dadi wong ora perlu kemrungsung. Cara Cilacape ya setel kendo bae. Nikmati masa pensiun sing legowo, nanging kudu siap dawuh nalika pemerintah membutuhkan. Masalah wakil bupati, biar masyarakat sing menilai, lan tugas negara ana sing ngatur,” pungkasane.

Sikap tenang, sederhana, lan tetep aktif melayani masyarakat itulah yang membuat sosok Farid Ma’ruf masih mendapat tempat di hati warga Cilacap dan terus diperhitungkan dalam dinamika politik daerah.

Peliput : Sani

RELATED ARTICLES

TINGGALKAN KOMENTAR

Silakan masukkan komentar anda!
Silakan masukkan nama Anda di sini

- Advertisment -spot_imgspot_imgspot_imgspot_img
- Advertisment -spot_imgspot_imgspot_imgspot_img
- Advertisment -spot_imgspot_imgspot_imgspot_img

Most Popular

Recent Comments